Kamis, 05 Juni 2014

Basa Jawa : APRESIASI SASTRA RESEPTIF



APRESIASI SASTRA RESEPTIF
MAKALAH
Disusun kangge Njangkepi Tugas Mata Kuliah
Pendidikan Bahasa Jawa
Dosen Pembimbing : Sri Sukasih

Oleh :
1.      Alifia Edria Adikasari             1401413105
2.      Tiara Widiastuti                      1401413106
3.      Ris Fatma Pratiwi                   1401413107
4.      Ahsinunnikmah                       1401413108
5.      Wanda Dwi Novita                 1401413110
6.      Dina Sriutami                          1401413111 
7.      Clara Hernika Setiasih 1401413112

Rombel : 02

PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR
FAKULTAS ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG



BAB I
PAMBUKA

I.         Wigatosing Rembag
Sastra lan apresiasi sastra, menawi tasih wonten ingkang gadhah panganggep kalih tembung punika nggadhahi makna ingkang sami. Padahal kalih tembung menika gadhah artos ingkang benten. Sanajan kita sampun mboten asing kaliyan tembung – tembung sastra utawi apresiasi sastra. Namung, kita dereng ngertos kanthi runtut punapa niku sastra lan apresiasi sastra. Padahal pamahaman babagan sastra lan apresiasi sastra kagolong wigati. Tanpa ngertos babagan punika, kita ingkang besok bakal dadi guru SD, bakal kawalahan menawi ngajar murid – murid SD. Amargi ing SD wonten kompetensi sastra lan apresiasi sastra. Saged diangen – angenaken, nalika kita ngajar ing ngajengipun murid – murid, kita mboten ngertos punapa – punapa babagan sastra utawi apresiasi sastra.
Nanging kedah dieling menawi kita mboten kena mahami babagan sastra lan apresiasi sastra wonten ing teori utawi buku kemawon. Kita ugi kedah saged nerapaken teori ingkang sampun kita pahami nalika ngajar sesuk.
 Mula saking punika, penyusun gadhah inisiaif damel makalah puniki. Mboten Cuma makalah babagan teori sastra lan apresiasi sastra, nanging ugi tuladha – tuladhane karya sastra, supados kita sedaya saged ngertos, paham, lan saged nerapaken wonten ing SD sesuk.
II.      Ingkang Dipunrembag
1.      Punapa niku apresiasi sastra reseptif ?
2.      Punapa mawon manfaat kaliyan tujuanipun apresiasi sastra reseptif ?
3.      Punapa mawon jenis – jenising sastra ?
4.      Punapa mawon tuadhane sastra ?
5.      Unsur punapa mawon ingkang kalebet wonten ing sastra ?
III.   Tujuan
  1. Saged ngertos punapa niku apresiasi sastra reseptif.
  2. Saged paham manfaat ugi tujuanipun apresiasi sastra reseptif.
  3. Ngertos jenis – jenising sastra.
  4. Ngertos tuadhane sastra.
  5. Ngertos unsur punapa mawon ingkang kalebet wonten ing sastra.


















Apresiasi Sastra Reseptif

BAB II
PAMBAHASAN


A.  Pangerten Apresiasi Sastra Reseptif
Miturut Tarigan, apresiasi sastra yaiku penafsiran kualitas karya sastra lan maringi biji ingkang wajar marang karya sastra kasebut miturut pangamatan lan pangalaman sing jelas, sadar lan kritis, kangge wong ingkang gadhah pangalaman utawi pangamatan sastra, mboten namung saged ningali lan nafsiraken nanging ugi saged maringi nilai marang karya sastra menika saking aspek kualitasipun.
Miturut Widyartono, D., apresiasi sastra yaiku kegiatan pangamatan, maringi biji lan ngehargai kanthi tenanan saengga numbuhake pangerten, panghargaan, kepekaan pikirin kritis lan kepekaan perasaan ingkang sae marang biji kaendahan ingkang badhe diungkapaken pengarang.
Mitutur artinipun saben kata, apresiasi sastra diartiaken :
Apresiasi asalipun saking Bahasa Inggris, yaiku apresiation, ingkang gadhah artos pengregen, pengaosan, utawi pangartosan.
Sastra yaiku karya seni imajinatif ingkang gadhah unsur – unsur estetis, disampaiaken lewat bahasa, saged bentuk tulis utawi lisan ( Rene Wellek, 1989 ),
Saengga pangerten saking apresiasi sastra yaiku pengregen, pangaosan, ugi pangertosan dhumateng salah sawijining karya seni imajinatif, saged bentukipun geguritan, prosa, utawi bentuk liyanipun.
Saking pangerten ing inggil, saged di simpulaken menawi apresiasi sastra yaiku menehake pangajen adhep karya sastra.
Apresiasi sastra reseptif yaiku apresiasi sastra ingkang dilakokake lewat kagiyatan maca, lan mirengake.

B.  Manfaat lan Tujuanipun Apresiasi Sastra Reseptif
Manfaat apresiasi sastra, diantaranya :
1.    Nglateh  keterampilan basa yaiku ngrungokake, ngomong, moco, kaliyan nulis
2.    Menehi pengetahuan babakan pengalaman kayata adat istiadat, agama, budaya.
3.   Ngembangkake pribadi anak
4.    bentuk watak,
5.    Menehi rasa aman,
Manfaat liyane:
1.    Nilai personal
Menehi kesenengan, ngembangkake imajinasi, memberi pengalaman , nyiapkake pengalaman seng duweni sifat emosional;
2.    Nilai pendidikan
Ningkatke perkembangan basa, ningkatkake lancer seng maca, ningkatkakake keterampilan nulis, ngembangkake kepekaan karo sastra (Huck 1987)

C.  Macem Karya Sastra
1.      Geguritan
Geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair. Tembung geguritan asale saka tembung "gurita" kang diowahi saka tembung gerita, tembung linggane gita ateges tembang utawa syair. Geguritan iku uga bisa kasebut puisi bebas, kang kalebu salah sawijining asile kabudayan Jawa modern sing duwe ciri ora kaiket ing wewatonan guru gatra, guru wilangan lan guru lagu kaya dene tembang Macapat.
Nganggit (ngarang) geguritan iku bisa wujud ngandharake (mahyakake) pengalaman pribadi utawa gegambaran kahanan sing tinemu ana ing masyarakat, utawa panguripaning manungsa ing alam donya manut jaman kelakone. Dene sing diutamakake ana ing geguritan yaiku :
1      Tembung-tembunge pilihan lan mentes
2      Cacahing gatra (baris) mentes (ringkes)
3      Migunakake basa kang endah (basa rinengga), kayata :
a.    Tembung-tembung kawi
b.    Purwakanthi
c.    Panyandra utawa pepindhan lan sapiturute
4.      Migunakake tembung-tembung andhahan kang karimbag mawa :
a.    Ater-ater a
b.    Seselan in lan um
c.    Adhapur dwilingga lan dwipurwa
5.    Wirama : pamilihing aksara swara kang trep lan pas saengga bisa nuwuhake irama kang endah. Maca geguritan iku meh padha karo maca puisi utawa deklamasi, sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku :
a.    Wirama : munggah mudhune (membat mentule) swara, pocapan (irama lan lafal)
b.    Wirasa : penghayatan, ngrasakake isine geguritan
Wiraga : ekspresi, patrap/sikap, obahing awak lan pasemon (rai)
Warna-warna araning geguritan :
a. Syair rong gatra (baris) sapada (sabait) = gita dwigatra
b. Syair telung gatra sapada = gita trigatra
c. Syair patang gatra sapada = gita catur gatra
d. Syair limang gatra sapada = gita panca gatra
e. Syair nem gatra sapada = gita sadgatra
f. Syair pitung gatra sapada = gita sapta gatra
g. Syair wolung gatra sapada = gita hastha gatra
h. Syair Bebas
2.      Prosa
Prosa yaiku karya sastra sing nduwe bentuk cerito sing bebas, ora kaiket rima ( swara sing mbalen ning jero utawa akhir ), irama, lan kaendahan suara. Prosa uga pamaparan pamikiran lan pangarsa pangarang lewat bentuk pargraf.
3.      Drama
Drama yaiku kagiyatan ngemukakake gagasan ugi perasaan lewat bentuk dialog antawis tokoh setunggal kaliyan tokoh liyanne.

D.  Tuladha Karya Sastra
1.      Geguritan

Welinge Wong Tuwa

Anakku, kang dak tresnani
Welinga wong tuwamu tumrap sliramu
jagad iki jembar, lagit iki dhuwur
Tontonen lintang-lintang ing angkasa
kumedheping lingtang katon ngawe-awe
gegayuhan iku bias kasembadan lamun ana laku
ngelmu iku kalakone kanthi laku
Anakku…
jagad padhang iku kanggo sliramu
Aja seneng nggunggung diri tundhone bekal kleru
sapa kang malang tumoleh bakale ora pikoleh
kang ora jujur bakal ajur
becik ketitik ala ketara
sapa kang salah bakal seleh
2.      Prosa ( Cerita )
Lunga Menyang Yogyakarta

       Lulusan SD kula lan kanca-kanca lunga menyang Yogyakarta.Jam 08.00 bengi kula lan rombongan nglumpuk ing sekolahan.Jam 08.30 bengi  pariwisatane teko nang sekolahan. Kula lan kanca-kanca grudukkan mlebu bis soale wedi gak kebagian kursi.Akhire kula lan laras kanca kanca entuk lungo no. 2 teko `ngarep. Jam 04.30 esuk kula lan rombongan teko menyang Yogyakarta.Bis’e mandek ing masjid ngarep’e candi Prambanan, kula lan rombongan langsung sembhayang shubuh lan mangan, sawise sembhayang shubuh kula lan rombongan langsung budhal menyang museum kerucut, ndelok tiruan pahlawan sing memperjuangkan bangsa Indonesia.
Sawise nang museum kerucut, kula lan rombongan menyang kolam renang arep adus.Sawise adus kula lan rombongan menyang candi borobudur, ing candi borobudur kula lan kanca-kanca foto bareng. Sawise nang candi borobudur kula lan rombongan nang pasar malioboro arep golek oleh-oleh. Jam 08.00 bengi kula lan rombongan mangan, sawise mangan jam 08.30 bengi kula lan rombongan mole menyang pandaan. Kula seneng banget.
3.      Drama
Gara – Gara Dolan Terus

Ana ing sawijining desa ana pemuda kang wus akrab banget, yaiku Sardi lan Jono. Bocah loro iku seneng banget nggawe ulah. Sampek kanca-kancane sing liya ora gelem nyedhek amarga mesthi diusili. Wektu iku sawise sekolah Sardi ngampiri Jono.
Sardi                      : Jon, ayo engko dolan ! ( Nggeplek pundake Jono)
Jono                      : Gaweanmu dolan ae . Koyo wong pinter wisan.
Sardi                      : Halah gayamu, gelem opo ora kowe ?
Jono                      : Dolan nyandi lho ?
Sardi                      : Yo emboh... Pokoke dolan ben koyo cah gaul ngono lho...
Jono                      : Emmm.. ayo lek ngono. Tapi wegah aku lek sampek maghrib eneh !
Sardi                      : Hehehe, ora-ora.
Jono                      : Gek nggawa duit opo ora ?
Sardi                      : Halah, kuwi dirembug engko ae... Yo wis aku arep mulih ( Mlaku ngadohi jono )
Jono                      : Oke-oke.... Engko kowe neng o omahku.
Sawise iku Sardi lan Jono dolan. Sardi lan Jono ora kelingan yen iki mau wayahe kelompok drama B. Jawa kanggo ujian praktek kelas 3. Ing sawijining panggon, Deni lan Parman nunggu bocah loro maeng. Bocah loro kuwi ora ngerti marang ngendi parane Sardi lan Jono.
Parman                    : He, enek sing ngerti Sardi karo Jono ?
Deni                       : Lha yo nyandi cah loro ki, maeng opo ndak krungu di omongi...
Parman                   : Opo jajal diparani neng omahe ?
Deni                       : Omahe sopo ?
Parman                   : Yo omahe Jono ae sing enek wong tuwane
Deni                       : Lek ora enek piye ? Gek iki urung latihan blas lho...
Parman                   : Halah kuwi masalah keri, sing penting anggotane wis enek kabeh.
Deni                       : Yo wis kowe rono ae, aku neng kene karo nggae naskah dramane, piye ?
Parman                   : Hmmm, yo lekno. Sing apik lho yo critane ?
Deni                       : Oke bos.....
Banjur Parman mara menyang omahe Jono. Ing kono Parman ora nemoni sopo-sopo. Akhire Parman mbalik maneh lan nerusake nggawe teks drama karo Deni. Akhire ditunggu sampek maghrib Sardi lan Jono ora ana ketok.
Deni                       : Piye bocah iki ? kok ora enek ketok ?
Parman                   : Lha yo piye neh, lek panggah ora gelem kelompok yo golek liyane ae.
Deni                       : Nah, setuju aku. Yo wis aku pamit. Ki mesthi wong tuwaku wis nggoleki.
Parman                   : Oke, dirembug sesuk neng sekolahan ae. Bocahe ditakoni.
Deni                       : Eh iyo, ojo lali sesuk nggawa gitar gae musicale.
Parman                   : Gampang, yo uwis  ndang muliho.
Deni mulih amarga wis maghrib. Sesuke neng sekolahan Deni lan Parman rembugan bab drama B. Jawa. Kanggo ngisi waktu ngenteni Jono lan Supardi bocah loro kuwi ngrembug musik kang bakal digawe.
Parman                     : Ayo sakiki nggawe musik kanggo dramane. Sing tentang lagu daerah ae.
Deni                         : Yo angel lho kuwi, lha kowe opo iso ?
Parman                    : Jajal kene aku (njupuk gitar saka tangane Deni)
Deni                       : Halah kemiso, jajal piye....
Parman                   : (nyanyi gundul-gundul pacul)
Deni                       : Hahaha, kuwi rak yo tembang dolanane bocah lho...
Parman                   : Sing penting lagu daerah lho...
Deni                       : Ojo, diganti liyane ngono lho.
Parman                   : Jajal kowe iso opo ora ? (ngekekne gitar marang Deni)
Deni                       : (Main gitar)
Parman                   : Lha kuwi opo ora yo lagu pop.... hahaha
Deni                       : Hahaha, lha aku ora iso lho..
Parman                   : Kene lek ngono aku ae.
Deni                       : (Ngekekne gitar) Aku sing nyanyi yo ?
Parman                   : (Nyanyi karo Deni)
Deni                       : Haha, apik kuwi... yo uwis nggae kuwi ae...
Sing ditunggu-tunggu mara-mara teko karo mlayu. Ora rumangsa yen ditunggu.
Jono                      : Heh, bocah-bocah wes podo latihan drama Bahasa Jawa, kelompoke awake dhewenpiye ?
Deni lan Parman    : Trus gue harus bilang wow gitu ? wow
Supardi                 : Heladalah, iki tenanan lho...
Parman                 : Lha kowe dhekingi nyandi ae ?
Supardi                 : Nyapo aku sing kok takoni....
Parman                 : Lha wayahe kan kelompok, kowe yo wis diomongi...
Supardi                 : Kapan lekmu omong ? ( mulai nesu )
Parman                  : Ow, kowe wis pikun yo ?
Pak Guru               : He he, enek opo iki ?
Deni                       : Niki, Pak. Sardi kalih Jono dhekwingi mboten purun kelompok drama.
Pak Guru               : Weh weh, lha nyapo kok ora kelompok ki ?
Jono                      : Lha ancen ora diomongi to, Pak.
Pak Guru               : Iyo to le ? Ora kok omongi ?
Deni                       : Sampun, Pak. Tapi mboten dugi.
Pak Guru               : Lha kwi kowe ora teko...
Jono                      : Ora diomongi, Pak.
Pak Guru               : Halah wis ora usah ngeyel, ndang gek kelompok
Sawise ngono, bocah papat kelompok nggae drama. Amarga gotong royong akhire kelompoke iso nampilake drama kang apik lan akeh kanca-kancane sing seneng.
Parman                  : Apik banget gayamu cah, jan pantes dadi artis.
Deni                       : Lho yo jelas lah, sopo disek...
Parman                  : Di, Jon, nyapo meneng ae ki.... wis berhasil lho
Sardi                      : Aku njaluk sepuro yo, Man.
Parman                  : Halah, ora opo-opo.... Sing penting iki wis sukses.
Pak Guru               : Lha yo ngono, lek gotong royong bareng kan iso apik hasile
Sardi                      : Kula nyuwun pangapunten, Pak. Nika sampun mboten sopan kalihan bapak.
Jono                      : Kula nggih, Pak.
Pak Guru               : Yo wis ora opo-opo. Makane ojo diterusne lekmu ndugal ki.
Sardi lan Jono mulai ngrubah sikape. Pirang wulan sawise kuwi bocah papat maeng oleh nilai Ujian kang paling apik dhewe. Gotong royong lan kerja keras iku bisa ndadekake semubarang gawe dadi gampang lan oleh hasil kan muasne.
E.       Unsur Apresiasi Sastra
Miturut Squire lan Taba ana telu unsur inti apresiasi sastra, yaiku :
1.      Aspek kognitif sadalan pangerten, pangerten kaitane karo pamahaman babagan teori-teori dasar sastra, kaya pangerten geguritan, unsur-unsur instrinsik prosa, lan liya-liya.
2.      Aspek emotif sadalan karo kepekaan pangrasa, kepekaan pangrasa kaitane karo kabisan nikmati lan nampilake aji-aji kebecikan sing klebu jero karya sastra, kaya rasa seneng ora seneng, keno karo cerito lan tokoh, pangrasa terharu lan bungah kenaan karo nasib tokoh, pangrasa wedi, kuciwa, lan gumun kenaan karo gambaran kadadean jero cerito sing gambar nang ekspresi rai, gestur awak lan utawa intonasi nang wektu pamacan karya sastra tertentu.
3.      Aspek evaluatif berkaitan karo kepekaan pikiran kritis lan pangregan sing positif :
a.       Pangregan kaitane karo sikap pandang positif adhep sastra menawa sastra nduweni aji-aji positif sing ngguna kanggo pambeningan batin, undhak-undhakan harkat kuripan individual-sosial.
b.      Kepekaane pikiran kritis berkaitan karo kabisan mahami lan ungkapan sinstesis babagan jarwa utawa aji-aji sing dikandung mubarang karya sastra sakwise ngenekake analisis sing teliti, saksama lan angabehi.
c.       Apresiasi sastra anak-anak ngrupakne serangkaian kemempengan dolanan karo sastra dadine tuwuh pamahaman, pangregan, kepekaane pikiran kritis, kepekaane pangrasa sing becik kanggo anak adhep karya sastra anak-anak.











BAB III
PANUTUP

I.     Simpulan
Sastra yaiku karya seni imajinatif ingkang gadhah unsur – unsur estetis, disampaiaken lewat bahasa, saged bentuk tulis utawi lisan ( Rene Wellek, 1989 ),
Menawi apresiasi sastra yaiku menehake pangajen adhep karya sastra.
Apresiasi sastra reseptif yaiku apresiasi sastra ingkang dilakokake lewat kagiyatan maca, lan mirengake.
Kagiyatan apresiasi sastra gadhah tujuan ugi manfaat ingkang katah. Menawi jenisipun sastra, wonten geguritan, prosa ( cerita ), lan drama.
Unsur inti apresiasi sastra yaiku :
a.       Aspek kognitif sadalan pangerten,
b.      Aspek emotif sadalan karo kepekaan pangrasa,
c.       Aspek evaluatif berkaitan karo kepekaan pikiran kritis lan pangregan sing positif.

II.           Saran
1.      Guru saged menehi pengetahuan babagan apresiasi sastra reseptif ingkang dilakokake lewat kagiyatan maca, lan mirengake.
2.      Siswa saged mangertosi babakan apresiasi sastra reseptif lan manfaate.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar