Kamis, 05 Juni 2014

Basa Jawa : Nyemak

NYEMAK
Nyemak tegese proses kegiyatan nyemak lambing-lambang lisan kanthi nggatekna kang tumenen, paham, apresiatif, sarta interpretasi antuk informasi, nangkep isi utawa pesen sarta paham tegese babagan sing diomongake pembicara.
Jinising nyemak kaperang dadi loro, yaiku :
a).   Nyemak Ekstensif
Tegese proses nyemak ana bebrayan saben dinane. Perangan nyemak ekstensif :
1.    Nyemak Sekunder, nyemak sing kedadeyan sarana kebeneran.
2.    Nyemak Sosial, nyemak sing ditindakake ana bebrayan sosial.
3.    Nyemak Estetika / Apresiatif, tegese kegiyatan nyemak kanggo nikmati karya sastra.
4.    Nyemak Pasif, tegese ngrungokake sing dilakoni kanthitampaana upaya sadar. 

b).    Nyemak Intensif
Tegese kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi tumenen lan konsentrasi sing dhuwur.
Ciri-ciri nyemak intensif :
a. Nyemak kanthi pemahaman
b. Nyemak kanthi kebak konsentrasi
c. Nyemak paham bahasa formal
d. Diakhiri reproduksi hasil simakan
Jinising nyemak Intensif yaiku :
1.    Nyemak Kritis tegese, kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi tumenen kanggo menehi biji kang objektif, nemtokake asli lan orane, kaluwihan, lan kakurangan-kakurangane.
2.    Nyemak Konsentratif, tegese, kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi permati; kanggo entuk pemahaman sing apik tumrap informasi sisng dirungokake. Tujuan  nyemak konsentratif yaiku :
-       Manut petunjuk-petunjuk/pituduh-pituduh (umpamane : pituduh ngisi  formulir pendaftaran.
-       Nggoleki sesambungane antarunsur sajroning nyemak.
-       Nggoleki sesambungane kuantitas lan kualitas sajroning komponen.
-       Nggoleki informasi penting.
-       Nggoleki urutan penyajian bahan semakan.
-       Nggoleki gagasan utama
3. Nyemak eksploratif, tegese kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi permati kanggo entuk informasi anyar. Tujuane :
a.    nemokake gagasan anyar.
b.    Nemokake informasi anyar lan tambahan saka bidang tertentu.
c.    Nyemak kanggo nemokake topik-topik anyar sing bisa dikembangake.
d.   Nemokake unsure-unsur bahasa sing sifate penting.
4. Nyemak Interogatif, tegese : kegiyatan nyemak sing nduweni tujuan kanggo nggoleki informasi kanthi cara ngajokake pitakon-pitakon sing diarahake tumraping entuk-entukaning informasi. Tujuane :
a.    Kanggo nggoleki fakta-fakta / kasunyatan.
b.    Nyemak gagasan anyar.
c.    Nyemak kanggo entuk informasi sing disemak asli apa ora
Kegiatan kang bisa ningkatake kemampuan nyemak :
1. Ing Njaba Kelas
Siswa di ken golek acara musyawarah ing tv/radio, banjur di rungokne utawa di semak kanthi permati. Banjur siswa di ken nulis pokok – pokok musyawarahe menika.
2. Ing Njero Kelas
a.       Ndiskusikake babagan ing ndhuwur
b.      Wakil kelompok kanthi pasangan maju ing ngarep kelas.
c.       Kelompok liyane mbiji kelompok sing maju.
d.      Sakwise kabeh kelompok maju, kelompok-kelompok mau nduduhake hasile diskusi lan alasane  presentasi hasil  diskusi kelompok.
e.       Nyimpulake hasil diskusi kelompok.
f.       Ngempalake hasil diskusi.
g.      Nggarap tugas pribadi uji pemahaman
h.      Nggarap tugas pengembangan sikap.
i.        Konsultasi kalawan guru menawa kangelan.
3. Langkah Kerja
a.       Maca pawarta lan informasi materi kanthi patitis.
b.      Nggarap tugas kelompok sing cumepak.
c.       Nggarap tugas individu sing cumepak.
d.      Ndiskusikake tugas kelompok diterusake diskusi kelas.
Utawa bisa : Guru ngutus siswa maragake pacelaton banjur liyane nyemak, siswa ngrungoake pacelaton kang diparagaaken kanca siswa mangsuli pitakon kang magepokan karo pacelaton
Tuladha :
Mirengake pacelathon ngagem telepon wonten mandhap!
Pak Rudi         : ’’Halo!sugeng enjang.’’
Edi                  : ’’Sugeng enjang’’
Pak Rudi         : ’’Punapa leres punika Pak Agus?’’
Edi                  : ’’Oh sanes, kula putrane, punika sinten nggih?’’
Pak rudi          : ’’Pak Rudi,punapa saged matur kaliyan Pak agus?’’
Edi                  : ’’Nuwun sewu, Bapak dereng kondur, wonten kersa punapa pak?’’
Pak Rudi      : ’’Ngeten Mas, kula pesen kemawon mbenjang dinten senen tanggal 7 Agustus jam sanga, bapak dipunaturi dhateng Puskesmas Kertasana saperlu nampi pengarahan penyemprotan nyamuk demam berdarah.’’
Edi                  : ’’Senen nggih pak?’’
Pak Rudi         : ’’Inggih Mas, tulung aturaken marang Bapak. Maturnuwun Mas.’’
Edi                  : ’’Inggih Pak, sami-sami.Mangke kula aturaken.’’
Saking pacelathon wonten inggil, kita saged mangertos menawi pacelathon kaliyan tiyang langkung sepuh ngagem basa karma lan kaliyan kanca sakpantaran ngagem basa ngoko.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar